"JOKO KENDHIL" versi bahasa jawa


“Joko Kendhil”  
(Versi Bahasa Jawa)



            Ana putri jenenge Kumbini,putra saka Prabu Sindu Prasaja,Kumbini disenengi pamanne dewe jenenge Probo pati,nanging kumbini ora gelem lan bapak- ibune ora setuju,amarga bapak lan ibune kumbini ora ngrestui/nyetujui karo probo pati dipateni. Amarga kumbini dipeksa probo pati ben dadi garwane.kumbini mlayu neng tengahe alas,wektu iku kumbini ditulung raja purwocarito,probo pati langsung dipateni karo purwacarito lan kumbini diajak neng keraton arep didadekne garwa seng ke-2. Amarga kumbini iri karo prameswari (garwane purwocarito seng ke-1)  ,kumbini mara neng dukun njalok ben bayi seng dikandung prameswari dadi cacat. Amarga bayi seng dilairne prameswari cacat.purwocarito nesu lan ngusir prameswari saka kerajaan.suwine wektu, jaka kendil wes dewasa.ing tengahe dina nalika iku para putri kerajaan padha dolanan ing pinggir alas.Wayah arep mulih salah siji putrine yaiku putri Widowati kelangan kalunge, nanging malah di tinggal marang sedulure. Dheweke kandha,”Sapa wae sing bisa nemokake kalunge yen wanita bakal di dadekake sedulur,yen priyo bakal di suwitani”. Joko kendil teka lan nggawa kalunge putri Widowati.Padha marang janjine,Widowati bakal nyuwitani Joko kendil. Joko kendil banjur ngomong marang biyunge,menawa deweke njaluk rabi karo salah sawijine putri ing kerajaan.banjur Joko kendil,Biyung,lan paklike menyang kerajaan saperlu nglamar salah sawijine putri ing kono.sak wise teka kono biyunge joko kendil matur menyang Raja apa panjaluke putrane.Banjur sang raja nakoni putrine apa Joko kendil iku bagus?para putri njawab menawa Joko kendil kuwi ala.Nanging putri Widowati meneng wae,malah dheweke gelem disuwitani marang Joko kendil.aja takon menyang Widowati opo ora salah dheweke gelem di suwitani marang Joko kendil.Widowati njawab amargo dheweke wis janji nalika kalunge ilang yen sing nemokake wanita bakal di dadekake sedulur,yen sing nemokake priyo bakal di suwitani.Banjur Puti Widowati di rabekake karo Joko kendil.Nalika di jak ndeleng tontonan Joko kendil ogah di jak ndeleng tontonan lan ngutus Widowati menyang panggon tontonan dhisik.Joko kendil tapa lan malih rupa dadi satriyo kang bagus lan sekti mandraguna ing keajaan iku di anakaje sayembara kanggo nggolek senapati sing anyar.Ing sayembara iku sing menangake si Cahyo Purnama alias Joko kendil.sak wise dadi senapati dheweke digawe rebutan menyang sedulure Widowati sing ora weruh yen Cahya Purnama iku Joko kendil.Joko kendil mulih menyang istana saperlu nemoni Widowati lan kandha menawa dheweke kuwi bojone,Joko kendil.Cahya Purnama malih dadi Joko kendil kanggo nyakinake Widowati yen dheweke kuwi sejatine Joko kendil.Sak wise Putri Widowati mantep atine yen Cahya Purnama iku Joko kendil,dheweke,Cahya Purnama lan keluargane urip seneng lan tentrem.


Comments

Popular Posts